
Wage Rudolf Supratman (9 Maret 1903 Jatinegara Jakarta - 17 Agustus 1938 Suroboyo) minangkane seng ngarang lagu kebangsaan Indonesia " Indonesia Raya". Bapakne jenenge Senen, Sersan nang Batalyon VIII. Dulure Soepratman kabehe enem, lanang siji, liyane wedok. Salah sijine jenenge Reokijem. Waktu tahun 1914, Soepratman melok Roekijem nang Makasar, nang kono Dhek'e disekolahno barek dibiayai karo bojone Roekijem sing jenenge Willem Van Eldik.
Soepratman terus sinau boso Londo nang Sekolah bengi suwene 3 tahun, maringono Dhek'e nglanjutno nang Normaal School nang Makasar sampek mari. Waktu umure 20 tahun Dhek'e didadekno guru nang sekolah Angka 2. Rong tahun suwene Dhek'e oleh ijazah HIein Ambtenaar.
Sak suwene Dhek'e kerjo nang perusahaan dagang. Teko Ujung Pandang, Dhek'e pindah nang Bandung barek kerjo dadi Wartawan. Kerjoan iku tetep dilakoni waktu wes manggon nang Jakarta. Waktu iku Dhek'e mulai tertarik karo Gerakan Nasional barek akeh gumbul karo pentolan-pentolan gerakan. Roso gak seneng karo penjajahan Indonesia mulai muncul terus akhire ditulis nang buku Perawan Deso. Buku iku disita trus dilarang nyebar karo pemerintah Londo.
Soepratman dipindahno nang kota Singkawang. Ndik kono gak suwe trus njaluk leren trus muleh nang Makasar maneh.
Roekijan dewe seneng temenan karo sandiworo barek musik, akeh karangane sing digelar nang mes Militer. Sak lioyane iku Roekijan yo seneng dolenan biola. Kesenengane iki sing nyebabno Soepratman yo seneng dohnan musik barek macem-macem buku musik.
WR. Soepratman gak duwe bojo yo gak duwe anak angkat
Waktu manggon nang Makasar, Soepratman oleh pelajaran musik teko cacak ipare yoiku Willem Van Eldik, makane pinter dolenan biola barek trus iso ngarang lagu. Waktu manggon Jakarta, Dhek'e tau moco karangan majalah Timbul, tulisane karangan iku nantang ahli-ahli musik Indonesia supoyo nyiptakno lagu kebangsaan. Soepratman tertantang trus mulai ngarang lagu. Tepat tahun 1924 Soepratman ngetokno lagu Indonesia Raya.
Waktu ulan Oktober 1928 nang Jakarta dilangsungno Kongres Pemuda II. Kongres iku nglahirno seng jenenge Sumpah Pemuda. Waktu bengi tutupe kongres, tanggal 28 Oktober 1928, Soepratman ngrungokno lagu gawenane nang ngarepe wong akeh (secara instrumental karo biola. Soegondo seng ngawehi saran supoyo Soepratman gawe musik instrumental, alasane supaya podho karo keadaan berek situasi waktu iku). Waktu iku pertama kaline lagu Indonesia Raya dirungokno nang ngarepe wong akeh. Kabeh sing teko heran ngrungoknone. Dadi cepet lagu iku terkenal nang kalangane pergerakan Indonesia. Nek partai-partai politik ngadhakno kongres, mesti lagu Indonesia Raya dinyanyekno. Lagu iku salah sijine bentuk rasa persatuan ambek kehendak'e rakyat supoyo merdeka.
Sak marine Indonesia merdeka, lagu Indonesia Raya didadekno lagu kebangsaan lambang persatuan Bangsa. Tapi seng gawe lagu iku, Wage Roedolf Soepratman, gak sempat ngerasakno urip ono ing zaman merdeka.
Akibat nyiptakno lagu Indonesia Raya Dhek'e geleg di uber-uber ambek polisi Nindia-Belanda, sampe Dhek'e loro nang Suroboyo. Sebab lagu ciptaane sing terakhir "Matahari Terbit" diterbitno awal Agustus1938 Dhek'e dicekel. Waktu iku Dhek'e lagi nyiarno lagu iku barengan Pandu-Pandu nang NIROM jalan Embong Malang Suroboyo. Dhek'e yo tau ditahan nang penjara Kali Sosok Suroboyo. Dhek'e gugur waktu tanggal 17 Agustus 1938 disebabno loro.
Waktu Megawati dadi Presiden RI, tanggal lahire Soepratman (9 Maret) diresmekno dadi dinone musik Nasional. Tapi tanggal lahire Soepratman iki sek diperdebatno, sebab ono pendapat seng nyatakno nek Soepratman dilahirno 19 Maret 1903 nang Dukuh Trembelang, Deso Somongari, Kecamatan Kali Gesing Kabupaten Purworejo Jawa Tengah. Pendapat iki sakliyane didukung keluarga Soepratman, yo dikuatno karo Pengadilan Negeri purworejo waktu tangga129 Maret 2009.
Dulor, kabeh seng wes dijelasno nang dukor iku mau mugo-mugo isok nyebabno dulor-dulor semangat belajar nok SMP Ta'miriyah Suroboyo. Cayoo.....
Senin, 08 Maret 2010
Wage Rudolf Supratman
0 komentarBUNG TOMO
0 komentar
Rek, yakopo kabare?....tetep semangat ya Rek...soale Edhisi Inayah seng saiki lan Insya Allah edhisi-edhisi berikute bakal crita masalah sejarahe para pejuang Nasional seng di makamno nok kutha Surabaya. Kayae durung pas Rek, nek dadi pelajar gak ngerti sejarahe para Pahlawan. Sebab maca sejarah kehidupane para Pahlawan iku isa dadekna para pelajar duweni semangat seng kenceng nalika belajar. Mulane ana salah sijine ungkapan seng unine kayak mengkene Rek "Wong seng berhasil iku Wong seng gelem belajar barek sejarah”.
Wes Rek, Inayah gak perlu basa basi, langsung wae ayo podo diwoco sejarah uripe Bung Tomo lan WR.Soepratman iki. Supoyo tambah semangat belajare.
BUNG TOMO
Riwayat Urip
Jeneng : Sutomo
Riwayat Karir
Pangkat penting :
Menteri Negara kabinet Burhanuddin (12 Agustus 1955 - 24 Maret 1956)
Biografi
Sutomo (Surabaya, 3 Oktober 1920 - Makkah, 7 Oktober 1981) utawa Bung Tomo minangkane pahlawan seng terkenal, sebab peranane waktu mbangkitna semangat rakyat kanggo nglawan mbalike penjajah Belanda liwat tentara NICA seng diakhiri karo kedadiane perang 10 Nopember 1945 sing sampek saiki diperingati dadi dina pahlawan.
Sutomo tau kerjo dadi pegawai pemerintah, Dhek'e dadi staf pribadi nang salah sijine perusahaan swasta, dadi asisten nang kantor pajak pemerintah, Dhek'e yo tau dadi pegawe cilik nang perusahaan ekspor-impor Belanda. Sakliyane iku, Dhek'e yo tau kerjo dadi polisi nang kota praja, barek tau dadi anggota Sarekat Islam. Sakdurunge Dhek'e pindah nang Suroboyo yo tau dadi distributor kanggo perusahaan mesin jahit "Singer". Wes pancene Bung Tomo iki dhuwe akeh pengalaman.
Waktu umure 12 tahun, Sutomo ninggalno pendidikane nang MULO sebab Dhek'e kudu nglakoni macem-macem penggawean kanggo ngatasi masalah ekonomi keluargane, terus dhek'e marekno sekolahe nang HBS lewat korespondensi, tapi gak tau resmi lulus. Sutomo terus gabung karo KBI (Kepanduan Bangsa Indonesia). Waktu umur 17 tahun, Dhek'e berhasil dadi wong nomer loro nang Hindia Belanda sing nyampek peringkat "Pandu Garuda"
Sutomo tau dadi salah sijine wartawan. Trus Dhek'e gabung karo pirang¬pirang kelompok politik barek kelompok sosial. Waktu tahun 1944 Dhek'e dipilih dadi anggota Gerakan Rakyat Baru. Bulan Oktober barek Nopember 1945, Dhek'e ngusahakno mbangkitno semangate rakyat barek pidato¬pidatone seng penuh semangat lewat radio, waktu iku Suroboyo diserang karq tentara NICA.
Sakmarine kemerdekaan Indonesia, Sutomo tau aktif mlebu politik waktu tahun 1950an. Tapi waktu awal taun 1970an pendapate Dhek'e seje karo pemerintah Orde Baru. Dhek'e ngomong keras utowo ngritik perkoro program-programe presiden Suharto. Sebab kritike seng pedes iku mau dadi tangga111 April 1978 Dhek'e ditahan karo pemerintah suwene setahun.
Waktu tanggal 7 Oktober 1981, Sutomo mati nang Makkah waktu ngelakoni ibadah kaji. Mayite Bung Tomo digowo mbalik nang Indonesia terus dikubur nang Ngagel Suroboyo.
